Lilypie - Personal pictureLilypie Kids Birthday tickers

Selasa, 07 Januari 2014

LUNGO NANG SOLO LAN SEMARANG



Liburan sekolah wingi, aku diajak Bapak lan Ibuku nang Solo lan Semarang. Sak arepe nyampe nang Solo aku nglewati Bengawan Solo. Jerene ndisik Solo diarani Surakarta. Saiki jenenge dadi Solo. Sampe e nang Solo wayah sore, nang tengah jalan aku mampir nang angkringan. Aku, Bapak lan Ibuku bungkus sego kucing. Sak wise tuku sego kucing, kene lanjutno perjalanan. Pas bengi aku golek hotel. Nang Solo hotel iku berjejeran akhire aku oleh hotel sing jenenge “Lampion Hotel”.
Bapakku lan aku langsung melbu nang hotele gae bayar ambek njepek kunci kamar hotele. Bapakku ngedukne barang-barang sing digowo, bapakku dibantu ambek mas penjaga. Kene langsung melbu nang kamar hotele. Sampek e nang kamar aku langsung sholat Isya. Sak wise sholat aku ndelok acara TV. Ambek ndelok TV aku pesen panganan. Aku nelpon mas e bantu-bantu. Aku pesen kentang goreng, sego goreng, wedang jahe. Wis suwe aku nunggoi, akhire panganane teko. Aku mangan kentang goreng ambek ndelok TV ambek ngantuk-ngantuk. Sampek aku dadi keturon. Jam songo esuk aku tangi langsung adus. Sak wise adus aku cepet-cepet ganti klambi. Sak wis e kabeh siap, kene langsung mudun gawe sarapan. Nang hotel nyediakne sego goreng, roti bakar, teh anget ambek buah.
Saiki aku wis wareg. Langsung mbalik nang kamar ringkes-ringkes barang lan kene metu teko hotel. Sak wis e metu teko hotel aku numpak bis tingkat.
Sak wis e numpak bis tingkat  kene nang angkringan gawe mangan. Sak wise mangan kene nang Semarang. Sak durunge nang Semarang, kene nang pasar Klewer terus nang Semarang. Nang ndalan aku keturon, aku tangi pas sampek nang hotel. Aku sampek nang hotel jam siji bengi.
Esuke aku ditangi adikku lan diajak adus. Terus aku ganti klambi lan sarapan. Sak wise sarapan aku ringkes-ringkes. Kene metu teko hotel. Aku diajak nang Lawang Sewu. Nang Lawang Sewu kene foto-foto.
Sak wis e aku nang Lawang Sewu kene foto-foto. Sak wise aku tuku oleh-oleh lan jajan nang Jepara kene nang pesisir Kartini lan mulih.